Dear God,
We Want to Be The Sun or The Moon more than The Star

Ya Tuhan, Jadikanlah kami seperti Matahari, seperti Bulan dan seperti Bintang-Bintang


Terima kasih atas kunjungan anda!




Selasa, 31 Maret 2009

Tamune Wong Ndeso

Ing sakwijining dina, kancaku teka Jombang, Adi S ngabari menawa keluarga arep neng Yogya. Jarene meh pamitan sedulur saka Yogya sakdurunge Bapak lan Ibu ne budal neng tanah suci Mekkah. Amarga bapake kancaku iki asli teka Yogya tepate kota Bantul, tapi sisih ngendi aku dhewe ora ngerti. Aku sih gamang yen peta Ngayogyakarto sekitar, opo maneh Bantul. Nadyan mbak Ningsih, mbak Ipe asline ya teka Bantul aku lagi ngerti sithik kota Bantul.

Nah sakwise wis pamitan sedulur neng Bantul, kancaku Adi ngebel yen pengin ketemu, aku terus budal neng omahe Masku. Aku njaluk ketemu neng kono wae merga sakjalan yeng arep bali neng kota Jombang supaya ora pati adoh. Sakwise nunggu sadela aku ketemu neng pinggir dalan banjur ngarah mampir neng omahe Masku. Sakrombongan numpak mobil kijang, kancaku, bapak,ibu lan adhike 2, terus bulik, siji maneh sopir. Aku numpak mobil pisan sebagai penunjuk jalan, waktu iku aku njemput karo masku boncengan sepeda motor, motor digawa masku aku melu rombongan. Tekan omahe masku, banjur ngobrol sadela, durung nganti 10 menit wong tuane si Adi kepengin ketemu bapak lan simbokku. Aku malah bingung merga yen meh nang omahku perjalanan isih 1 jam, tur dalane ora sejalan yen bali neng Jombang. Gandheng kedereng pengin ketemu, akhire aku setuju aku terus mlaku dhisik nganggo sepeda motor. Dalane rada sempit, mobil ora isoh banter kurang teka 100KM/jam.

Kira-kira sak jam perjalanan tekan omahku, wong tuaku dadakan kaget merga ora persiapan. Biasane nek ono tamu gage-gage nyepakke pasugatan kanggo para tamu, paling orang wedang teh panas. Banjur ketemu bapak simbok terus salaman, para tamu diaturi tindak omah. Biasane nek nyambut tamu teka kota, simbok terus guyon yen omahe mung gubuk koyo uwoh, merga ya wong tani ndeso.

Sakwise sapejagong diselingi guyon-guyon, bapak ibuke Adi njaluk pangestu yen arep budal neng tanah suci. Bapak simbok banjur njawab muga-muga slamet, mangkat wutuh bali wutuh...! Sakjroning sapejagong adhike kancaku njupuk handycam terus wae nyorot lan ora keri kahanan njero ngomah ngarep lan mburi. Lan oleh-olehanane video kaya ing ngisor iki! Kadadeyan iki wis suwe, sakdurunge wulan haji tahun 2008.

Tilik Wong Wong Ndeso

1 komentar:

Warung Soto Ayam Mulud

Feel The Taste of Our Soto!
So Delicious

By Hari
Jalan Pasar Cawas - Pedan
Sentul Cawas